Banyu (Krama: toya, Kawi: way, wé) iku senyawa kang wigati kanggo kabèh wangun kauripan kang dikawruhi nganti tekan saiki ing bumi,[1][2][3] nanging ora ing planit liya.[4] Banyu disimbolaké kanthi H2O.[5] Cacahé banyu kang nutupi bumi ngancik 71%. Ana 1,4 triliun kilomèter kubik (330 juta mil³) ing bumi.[6]
Banyu bisa awujud gas (uwap banyu), cuwèr (banyu) lan padhet (ès).[7] Banyu iku siji-sijiné dat kang kanthi alami ana ing lumahing bumi sajeroning katelu wujud mau.[8] Banyu sapérangan gedhé ana ing sagara (banyu asin) lan ing lapisan-lapisan ès (ing kutub lan pucuk-pucuk gunung), nanging uga bisa ana minangka méga, udan, kali, lumahing banyu tawa, tlaga, uwap banyu, lan sagara ès. Banyu sajeroning obyèk-obyèk mau obah miturut sawijiné pangitiran banyu, ya iku: liwat panguwapan, udan, lan ilènan banyu ing sadhuwuré lumahing lemah (ilèn, kalebu tuk, kali, muwara) tinuju sagara.
Banyu resik wigati kanggo kauripan manungsa. Sembrana anggoné nangani banyu, bisa ndadèkaké golèk banyu dadi angèl, monopolisasi, sarta privatisasi lan malah njalari crah.[9]
Indonésia wis duwé undhang-undhang kang ngatur sumber daya banyu wiwit taun 2004, ya iku Undhang Undhang nomer 7 taun 2004 ngenani Sumber Daya Banyu.
Saliyané ing bumi, sapérangan gedhé banyu uga diprakirakaké ana ing kutub lor lan kidul planit Mars, sarta ing mbulan Europa lan Enceladus.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)