Aksara Latin
|
Bhāṣa Jawa, Bhāṣa Kawi | |
---|---|
Dipituturaké ing: | Jawa, Madura, Bali |
Kapunahan | Owah dadi basa Jawa Tengahan ing abad kaping-13 |
Rumpun Basa Klasifikasi: |
basa Austronesia basa Melayu-Polinesia |
Status Resmi | |
basa mati | |
Kode Basa | |
ISO 639-1 | ... |
ISO 639-2 | ... |
SIL | ... |
Basa Jawa Kuna (krama Basa Jawi Kina) iku basa Jawa kang dipigunakaké wiwit kurang luwih abad kaping 9 nganti abad kaping 14. Basa Jawa Kuna kahanané isih bisa disinaoni jaman saiki amarga nalika iku basa iki wis ditulis. Basa Jawa Kuna akèh prabawa saka tembung Sansekerta. Akèh paninggalan prasasti lan karya sastra kang tinemu. Yèn prasasti-prasasti iki racaké ditulis ing watu utawa tembaga mawa aksara Jawa Kuna. Nanging yèn karya sastra racaké diawètaké ing Bali lan Lombok mawa naskah rontal, sanadyan uga ana naskah Jawa Kuna saka Jawa dhéwé, Tatar Sundha, lan Madura.