Bathara Surya

Kanggé kagunan sanès saking Surya, mangga mriksani Surya
Bathara Surya
Dewane Srengéngé
WorldKahyangan Ekacakra
Personal information
ChildrenSang Hyang Rawiatmeja
Adipati Karna
Parents
SiblingsSang Hyang Wungkuham
Sang Hyang Siwah
Sang Hyang Wrehaspati
Sang Hyang Yamadipati
Sang Hyang Candra
Sang Hyang Kuwera
Sang Hyang Tamburu
Sang Hyang Kamajaya
Dewi Sarmanasiti/Darmastuti
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Senjata"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Image"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Caption"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Pasangan"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Ejaan_Sanskerta"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Mantra"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Ejaan_Pali"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Gelar_sebagai"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Tempat"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Planit"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Wahana"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Golongan"
Pèngetan pratuduh: Page using Template:Infobox deity with unknown parameter "Nama"

Miturut crita pedhalangan, Bathara Surya putrane Sang Hyang Ismaya (Semar) lan Dewi Senggani sing angka 5. Duwe kadang 9 cacahe. Wondene urutane: (1) Sang Hyang Wungkuhan (Sang Hyang Bongkokan), (2) Sang Hyang Siwah, (3) Sang Hyang Wrehaspati, (4) Sang Hyang Yamadipati, (5) Sang Hyang Surya (Bathara Surya iki), (6) Sang Hyang Candra, (7) Sang Hyang Kuwera, (8) Sang Hyang Tamburu, (9) Sang Hyang Kamajaya, (10) Dewi Sarmanasiti (Darmanastiti).

Bathara Surya dewaning srengenge utawa dewaning rahina (awan). Kahyangane ing Ekacakra. Garwane 2, yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni.

Manut pakem pedhalangan, Dewi Ngruna lan Ngruni pinaringan antiga (endhog) niji dening Bathara Guru. Antiga iku pinangkane saka Dewi Kastapi ( putrane putri Bathara Wisnu kang ditrimakake marang Garudha Brihawan, titihane Bathara Wisnu). Antiga kang diparingake dening Dewi Ngruna pungkasane netes dadi Garudha Sempati lan Jenthayu (Jathayu). Kang kaparingake marang Dewi Ngruni pungkasane netes dadi Naga Gumbang lan ula cilik-cilik pirang-pirang.

Bathara Surya kagungan kreta kang tinarik jaran cacahe 7. Ya kreta iki kang nate digunakake Bathara Wisnu kanggo nggiles Prabu Watugunung ratu ing Gilingwesi nganti tumeka ing seda, sawise kebedhek cangkrimane. Wondene cangkrimane Prabu Watugunung ana 4, yaiku: (1) Wit dhakah (gedhe) woh dhikih (cilik), (2) Wit dhikih woh dhakah, (3) Wit dhakah woh dhakah, (4) Wit dhikih woh dhikih.

Bathara Wisnu kang wektu iku wujud pandhita, peparab Resi Satmata, nuli ambedhek cangkrimane Prabu Watugunung: (1) Wit dhakah woh dhikih iku antarane wit ringin, wite gedhe wohe cilik. Karepe, priyayi luhur, senadyan nurunake wong cilik tetep diopeni, (2) Wit dhikih woh dhakah, iku antarane semangka, wite cilik wohe gedhe, handayani lan nyegerake awak, (3) Wit dhakah woh dhakah, iku antarane krambil, wite gedhe wohe uga gedhe. Akeh sakabehe lan gedhe pigunane, (4) Wit dhikih woh dhikih, iku antarane lombok, wite cilik wohe uga cilik, rasane pedhes, nanging uga gedhe dayane. Iku mau jenenge Supila wipula, karepe manungsa kudu ngerti marang pigunane. Karepe Prabu Watugunung, kabeh turun-turune lan para kulawargane supaya tansah pinilala dijupuk daya pigunane, lan ngelingana sejarah lan bibit kawite. Yaiku mula bukane petungan Pawukon.

Wujude wayang Bathara Surya gagrag yogya ana 2, jangkahan lan bokongan. Yen gagrak surakarta, ngagem topong (kaya makuthane Adipati Karna) lan nganggo jubah.

Putrane Bathara Surya kang asring kocap mung 2: (1) Sang Hyang Rawiatmaja (kang nurunake para ratu Maespati, (2) Adipati Karna.


Developed by StudentB