Chairul Tanjung

Chairul Tanjung
Rerincèn dhiri
Lair (1962-06-16) Juni 16, 1962 (umur 62)
Indhonésia Jakarta, Indonésia
SisihanAnita Ratnasari Tanjung
AnakPutri Indahsari
Rahmat Dwiputra
AlmamaterFakultas Kedhokteran Gigi Universitas Indonésia/S1 (purna;1987)
Institut Pendidikan lan Pembinaan Manajemen (IPPM)/S2 (purna;1992)
PanggaotaIngkang Kagungan (CEO) utama CT Corp
AgamaIslam

Chairul Tanjung (lair ing Jakarta, 16 Juni 1962; umur 62 taun) inggih punika pangusaha saking Indonésia. Chairul Tanjung misuwur minangka konglomerat Indonésia ingkang namanipun naté kacathet ing urutan 927 saking 1000 tiyang paling sugih sadonya versi kalawarti Forbes kanthi kasugihan USD 1 Milyar.

Chairul Tanjung ngrembakaken perusahaan Para Group, salajengipun nama kasebat dipun-gantos dados CT Corp. Lumrahé CT Corp kapérang dados tigang perusahaan subholding inggih punika Mega Corp, Trans Corp, lan CT Global Resources.Mega Corp inggih punika perusahaan induk kanggé jasa keuangan ingkang nglayani masarakat ing babagan perbankan, asuransi, pambeyayaan, lan pasar modal. Trans Corp punika perusahaan bisnis medhia, gaya pagesangan, lan hiburan. Wonten ing perusahaan punika, wonten kalih stasiun TV, inggih punika Trans TV lan Trans 7.


Developed by StudentB