Gunung

Gunung Kinabalu, Borneo.

Gunung iku salah sawijiné wangun lemah sing methungul luwih dhuwur tinimbang wewengkon saubengé. Gunung lumrahé luwih dhuwur lan njulek tinimbang bukit.[1] Nanging ana padhané ing pigunané gumantung saka adat lokal. Sapérangan pangrèh ndhèfinisikaké gunung kanthi pucuk punjul ukuran tinamtu; upamané, Ensiklopedia Britannica mbutuhaké kadhuwuran 2000 kaki (610 m) supaya bisa didhèfinisikaké dadi gunung. Déné miturut Kamus Besar Bahasa Indonesia (KBBI), gunung yaiku bukit sing gedhé banget lan dhuwur (padatan dhuwuré punjul 600m).[2] Sawijining gunung lumrahé kawangun saka obahing tèktonik lempeng, obahan orogenik utawa obahan epeirogenik.

  1. "Pengertian Gunung". Diarsip saka sing asli ing 2012-08-10. Dibukak ing 2012-07-25.
  2. [ http://kamusbasaindonesia.org/gunung[pranala mati permanèn]]

Developed by StudentB