Agama Hindhu iku uga dikenal kanthi sesebutan Sanātana Dharma ("Pepener Langgeng") lan Vaidika-Dharma ("Ngèlmu kang Bener") minangka salah sijining agama donya.[1] Agama iki terusané agama Wéda (Brahmanisme) kang dadi kapercayané bangsa Indo-Iran (Arya). Dinuga, agama iki wiwit ana antara taun 3.102 -1.300 SM. Yèn dideleng saka akèhé umat, Hindhu ana ing urutan telu sawisé Kristen lan Islam.[2]
Ing Indonésia, saliyané ing Bali lan Lombok, ing Tanah Jawa panganuté agama iki uga akèh, mligi ing Tengger, Banyuwangi lan akèh tlatah ing Jawa Tengah.
Kitab suci utama umat Hindhu iku Caturwéda kang kabangun saka Rgwéda, Samawéda, Yajurwéda lan Atharwawéda.