Inti Atom

Gambaran sèmi-akurat saka atom helium. Inti atom, proton digambaraké kanthi warna jambon lan neutron ungu. Gambaran nyatané, inti atom uga wujudé bunder simètris.

Inti atom utawa nukleus ya iku pusaté atom. Inti atom iku ana proton lan neutron. Akèhé proton sakjeroné inti atom karan nomer atom, lan nemtokaké èlemèn saka atom.

Ciliké inti atom luwih cilik manèh tinimbang ukurané atom, inti atom iku saka proton lan neutron, ora ana èlèktroné.

Gunggungé netron ing inti atom iku nemtokaké isotop èlemèn mau. Gunggungé proton lan netron sakjeroné inti atom iku sesambungan; lumrahé ing gunggung kang padha, sakjeroné nukleus kang gedhé ana netron kang luwih. Sakloron iku gunggungé nemtokaké jinis nukleus. Proton lan netron duwé massa kang mèh padha, lan gunggungé saka sakloron massa mau dijenengi nomer massa, lan aboté mèh padha karo massa atom (saben isotop duwé massa kang unik/kusus). Massa saka èlèktron cilik banget lan ora nyumbang akèh kanggo massa atom.


Developed by StudentB