Mpu utawa Empu iku jejuluk kanggo wong kang wis dhuwur ilmuné, khususé ing babagan kanuragan lan babagan keris. Saliyané iku uga ing babagan sastra. Tembung empu miturut kamus kawi Jawa susunan CF Winter lan Rangga Warsita tegesé guru utawa pandhe.[1] Déné miturut Purwadarminta ing kamus umum basa Indonesia ditegesi tuan, utawa wong ahli gawé keris.[1] Miturut legendha, ing tanah Jawa paling ora ana 15 empu kang kondhang.[1]