|
Muhamad (cara Jawa)[1] utawa Muhammad (cara Arab: محمد), (ing sawatara basa sinebut Mohammad, Mohammed, utawa Mahomet. Ing basa Arab, Muhammad iku tegesé wong kang patut pinuji) lahir ing njeron wong-wong jahiliyah kang nyembah brahala, seneng judi, mabuk-mabukan, nindhes, seneng goroh, lan ngremehake para wanita. Nabi Mukamad Saw misuwur minangka mudha kang nduweni watak welas asih, seneng tetulung, lan tansah ngendika jujur saengga diwenehi ajejuluk "Al Amin" kang tegese kang pinercaya.
Nabi Mukamad Saw ngrubah kapercayan bangsa Arab Kurès lan adat-adate dening ajaran Islam. Nabi Mukamad Saw yaiku nabi lan rasul pungkasan kang nggawa ajaran Islam kanggo kabeh manungsa ing donya. Nalika Nabi Mukamad Saw pinuju tahannus (ndewe lan ngibadah) ing Guwa Hira teka Malaekat Jibril kanggo menehi wahyu kang wiwitan Surat al-Alaq ayat 1-5.
Babagan kerasulan Nabi Mukamad Saw iki, dingendikakake dening Allah:
"Mukamad yaiku utusaning Allah lan wong-wong kang bareng marang dhèwèké watake atos marang wong-wong kafir, nanging padha melas asihi sapadha-padhane. Kowe ndeleng dhèwèké rukuk lan sujud nggoleki nugrahaning Allah lan Ridhane..."(QS al-Fath:29)
1. mékrad: (A) kn. munggah swarga saragané; [x]-an: riyaya mékradé K.N. Mukamad. 2. Mulud: kn. 1 dina wiyosan lan sédané K.N. Mukamad