Paris

Paris yaiku kutha krajan Prancis lan uga minangka kutha krajan région Île-de-France, kang laladané nyakup kutha Paris sarta laladan pinggirané. Kutha iki sing ndunungi 2.144.700 jiwa (2005). Éwadéné laladan metropolitan Paris utawa Paris Raya duwèni sing ndunungi 11.174.743 jiwa (1999). Paris minangka kutha paling padhet ing Uni Éropa lan kutha metropolitan gedhé dhéwé kaloro ing Éropa (sawisé Moskwa, setara karo London), lan uga kutha metropolitan mawa sing ndunungi paling akèh angka 20 ing donya.

Laladan Paris Metropolitan Raya, kanthi total PDB kang luwih dhuwur tinimbang Brasil utawa Ruslan ing taun 2003, iku punjer kauangan lan bisnis gedhé dhéwé ing Éropa (kalebu London), nampung punjul 30% populasi pegawé kantoran, lan uga punjul 40% saka kantor pusat perusahaan-perusahaan Prancis, kanthi distrik bisnis gedhé dhéwé ing Éropa (La Défense) lan pasar bursa gedhé dhéwé kaloro ing Éropa (Euronext).

Misuwur minangka 'Kutha abyor déning cahya lampu' (la Ville Lumière), Paris dadi jujugan plesiran kawentar wiwit jaman biyèn. Kutha iki dikenal bab arsitèktur wangunané kang éndah, pangaturan kutha lan dalan-dalan gedhéné, lan uga kolèksi musiyum-muséumé. Dibangun ing pinggir kali Seine, kutha iki dipérang dadi rong pérangan: Pinggir Tengen mangalor lan Pinggir Kiwa yang luwih cilik mangidul.

Sdurungé, Paris minangka kutha krajan karajan kang koloniné paling akèh ing limang bawana, wektu iki Paris isih sinebut pusat donya basa Prancis lan njaga posisi kang kuwat ing donya minangka tuan rumah markas besar OECD lan UNESCO. Babagan iki, dijangkepi karo anané kagiyatan keuangan, bisnis, pulitik, lan wisata, wis ndadèkaké Paris minangka salah siji rerangkèn transportasi utama ing donya. New York, London, Tokyo, lan Paris sok sinebut papat kutha utama gedhé dhéwé ing donya.


Developed by StudentB