Sana Warisan Donya

Situs Warisan Donya UNESCO iku wujud situs-situs spesifik (kaya déné alas, gunung, tlaga, sagara wedhi, monumèn, yasan, komplèks, utawa kutha) kang wis dinominasèkaké lan disarujuki kanggo dilebokaké sajeroning pratélan kang direksa déning Program Warisan Donya Internasional kang digulawenthah déning Komité Warisan Donya UNESCO, kang dumadi saka 21 nagara anggota, kang dipilih déning Majelis Umum Nagara-nagara Anggota kanggo mangsa kalungguhan tinamtu.[1] Tujuan program yaiku gawé katalog, milih, lan ngreksa situs-situs warisan budaya kang kawentar (pinunjul) utawa warisan alam kang wigati minangka warisan kanggo kamanungsan. Kanthi kondisi tartamtu, situs-situs kang wis kadaftar bisa olèh dana saka "Dana Warisan Donya". Program iki diadegagaké bareng karo anané Konvènsi bab pangreksan budaya donya lan warisan alam, kang disahké déning Konferènsi Umum UNESCO ing 16 November 1972. Wiwit iku, 184 (data Juli 2007) nagara-nagara anggota wis ngratifikasi konvènsi mau.

Nalika taun 2007, ana 851 situs kang wis kadaftar: 660 situs budaya, 166 situs alam, lan 25 campuran, dumunung ing 142 nagara anggota. UNESCO nyathet saben situs kanthi nomer idhentifikasi kang béda siji lan sijiné; nanging usulan anyar sok kalebu situskang wis lumebu sadurungé, banjur didaftar minangka pérangan wedharan kang luwih gedhé. Akibaté, sistem penomeran nganti punjul 1200, sanajan luwih sethithik ana ing pratélan kang sabeneré.

Saben situs warisan donyaiku tetep darbèké nagara miturut dunungé, nanging dianggep dadi kapentingan masarakat internasional kanggo ngreksa situs mau kanggo génerasi kang bakal teka. Protèksi lan konsèrvasi situs-situs iki dadi kawigatèn kabèh nagara ing donya.

  1. "About World Heritage". World Heritage. Dibukak ing 2006-10-14.

Developed by StudentB