Soto, sroto, utawa coto iku panganan khas Indonésia kang kagawé saka kaldhu daging lan janganan.[1] Daging kang paling kerep digunakaké yaiku daging sapi lan pitik, nanging uga babi lan wedhus.[1]
Manéka laladan ing Indonésia duwé jinis soto dhéwé-dhéwé, kanthi kandhutan kang béda-béda, kaya ta Soto Kediri, soto Madura, soto Betawi, soto Padang, soto Bandhung, soto Sokaraja, soto Banjar, soto Medan, coto Makassar.[1] Soto uga dijenengaké miturut bahané, kaya ta soto pitik, soto babat.
Soto duwé kamiripan karo sop.[1]
Soto bisa dicawisaké karo rupa-rupa lawuh, upamané krupuk, perkedèl, emping mlinjo, sambel, saus kacang, lan sapanunggalané.[2] Akèh-akèhé soto dicawisaké kanthi kapisah karo sega, kaya déné soto Betawi, soto Padang, lan liya-liyané.[2] Nanging ana kang dicawisaké bebarengan karo sega utawa soto campur sega, contoné soto Kudus.[2] Saliyané iku ana uga soto kang dicawisaké nganggo lonthong utawa sega kang wis dimasak kanthi dibungkus godhong gedhang (buras), upamané soto Makassar. Ana uga soto kang nganggo mi, lan dudu sega minangka menu pokok, contoné soto Mi Bogor.[2]