Susuhunan

Potrèt susuhunan saking Surakarta.

Susuhunan (Jawa: ꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀) inggih punika sesebatan kanggé raja Mataram sasampunipun Sultan Agung, lan panerusipun raja Surakarta.

Kinten-kinten tembung "susuhunan" asalipun saking tembung "suhun", ingkang ing basa Jawi gadhah teges "ngajèni". "Susuhunan" ugi dipunsebat "Sunan". Sesebatan "Sunan" dipunanggé ugi kanggé pemimpin agami Islam lan raja Islam (ing Giri Kedhaton), ing bab punika sami kaliyan sesebatan "Sultan".


Developed by StudentB