Motto: Unus pro omnibus, omnes pro uno (tradhisional) (Latin: Satu untuk semua, semua untuk satu) | |
Gunagita: Mazmur Switserlan | |
Kuthagara | BernDe jure "federal city"; de facto capital. Because of historical federalist sensibilities, Switserlan law does not designate a formal capital, and some fédheral institutions such as courts are located in other cities.</ref> (de facto) |
---|---|
Brehakutha | Zurich |
Jawatbasa | Jerman (63.7 %), Prancis (20.4 %), Itali (6.5 %), Romansh[1] (0.5 %) |
Wangsanama | Wangsa Switserlan |
Papréntahan | Républik Federal dengan Sistem Direktorial dan dhémokrasi langsung |
Doris Leuthard Eveline Widmer-Schlumpf Ueli Maurer (Présidhèn 2013) Didier Burkhalter(Wakil Présidhèn 2013) Simonetta Sommaruga Johann Schneider-Ammann Alain Berset | |
Corina Casanova | |
Paukumkaryan | Majelis Federal |
• Ucagreha | Dewan Nagara |
Dewan Nasionall | |
Merdeka | |
1 Agustus Traditional. The Federal Charter mentions only "early August" and the treaty is a renewal of an older one, now lost.</ref> 1291 | |
• de facto | 22 September 1499 |
• Diakui | 24 Oktober 1648 |
7 Agustus 1815 | |
12 September 1848[2] | |
Pijembar | |
• Gunggung | 41,285 km2 (15,940 sq mi) (Ke-133) |
• Banyu (%) | 4.2 |
Population | |
• Pikira-kira 2010 | 7,866,500[3] (Ke-95) |
• Cacahjiwa 2000 | 7,452,075 |
• Ketebdunung | 188/km2 (486.9/sq mi) (Ke-65) |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2011 |
• Gunggung | $321.898 Miliar[4] (ke-36) |
• Saben wong | $45,265[4] (Ke-8) |
GKK (angka) | Pikira-kira 2011 |
• Gunggung | $512.065 Miliar[4] (Ke-19) |
• Saben wong | $75,835[4] (Ke-4) |
Gini (2000) | 33.7 tengah |
IPM (2010) | 0.874[5] Error: Invalid HDI value · kaping 13 |
Artacihna | Franc Switserlan (CHF) |
Laladan wektu | UTC+1 (CET) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+2 (CEST) |
Nyetir ing | kiri (kereta: kanan) |
Kodhé bèl | +41 |
TLD internèt | .ch |
Konfèdherasi Switserlan utawa sajeroning basa Latin Confoederatio Helvetica, yaiku nagara fèdheral ing Éropa Tengah kang wewatesan karo Jerman, Prancis, Itali, Liechtenstein lan Ostenrik. Switserlan iku nagara kang sapérangan gedhé wewengkoné dumadi saka Pegunungan Alpen. Switserlan misuwur minangka nagara nétral nanging panggah duwé tembayatan internasional kang kuwat.
Switserlan kapérang dadi 26 kanton, kang nem kanton dianggap minangka "saparo kanton" amarga kawiwitan saka pisahé telung kanton, lan dhampaké mung ana sakwakil ing Dewan Nagara. Kutha karajan nagara iki Bern. Kutha-kutha wigati liyané yaiku Zurich, kutha gedhé dhéwé ing Switserlan (kang dinobataké minangka kutha kang duwé kualitas urip paling apik ing donya nalika taun 2006[6] lan 2007[7].), lan Jenewa, kang dadi lokasi warna-warna badan internasional kaya ta PBB, WHO, ILO, lan UNHCR.
Switserlan winatesan karo Jerman, Prancis, Itali, Ostenrik lan karajan cilik Liechtenstein. Warga Switserlan nururaké akèh basa lan ana papat basa resmi, yaiku basa Jerman, Prancis, Itali, lan basa Romansh kang kurang misuwur.
Switserlan duwé akèh sajarah minangka nagara kang nétral tanpa ndeleng perang utawa dhamai (lan ora tau mèlu perang marang pamaréntah asing wiwit taun 1815). Mulané, Switserlan didadékaké pamangku gati organisasi internasional apa waé kaya ta PBB, kang sanajan markas gedhéné mapan ing kutha New York City, nanging akèh ngedegaké kantor ing Switserlan.
Jeneng Switserlan ing basa Latin Confoederatio Helvetica kang tegesé Konfèdherasi Helvetika, dipilih kanggo ngéndhani pamilihan salah siji saka papat basa resmi Switserlan (basa Jerman, Prancis, Itali, lan Romansh). TLD nagarané,.ch, uga dijupuk saka jeneng iki. Switserlan nandhai 1 Agustus 1291 minangka dina kamardhikané, kang wiwitané dadi nagara gabungan, banjur dadi persekuthuan wiwit taun 1848. 1 Agustus didadekaké dina prèi kanggo bank lan kantor pos sarta kantor administrasi umum uga ditutup.
Sistem papréntahané pancèn nuduhaké keanékaragaman wargané. Minangka nagara fèderal, dhémokrasiné asipat "langsung", nanging diwakili déning Majelis Fèdheral. Parlemèn iki milih pitung wong kanggo dadi "pamrintah". Pitu wong iku mantri, mandhegani dhepartemen, lan salah sijiné dadi prèsidhén suwéné setaun ganténan. Prèsidhén digilir saben tauné.
{{cite web}}
: CS1 maint: archived copy as title (link)