UNESCO

Logo UNESCO

UNESCO (cekakan saking United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization) utawi Organisasi Budaya, Widya, lan Wiyata Pasarékatan Bangsa-Bangsa punika satunggaling badan kagungan PBB ingkang dipunyasa warsa 1945. Kagunganipun organisasi punika nyengkuyung katentreman lan kasantosan kanthi nyinaoni kagiyatan tembayatan antawis nagari babagan wiyata, widya, lan budaya. Sasampunipun, ancasipun kagungan organisasi punika inggih menawi nuwuhaken rasa silih hurmat antawis manungsa kanthi lelandhesan bebener, kukum, HAM, lan kabébasan hakiki (Artikel 1 saking undhang-undhang UNESCO).

UNESCO anggotanipun wonten 191 nagari. Organisasi punika kantor agengipun wonten ing Paris, Prancis, lan wonten 50 kantor wewengkon saha sawetawis badan lan lembaga ing saindhenging donya. Program UNESCO kanthi limang pokok kangge dipuntembayataken: wiyata, widya alam, widya sosial lan manungsa, budaya, lan komunikasi lan informasi. Proyek ingkang dipunsponsori déning UNESCO kalebet (1) program maca-nulis, téknis, lan gladhèn guru; (2) program kawruh internasional; (3) proyek sajarah wewengkon lan budaya, nyinaoni kabinan budaya; (4) tembayatan ing kasarujukan internasional kangge ngajagi warisan budaya lan alam sarta ngajagi HAM; lan (5) usaha nguwatakaken jurang dhigital ing sadonya.


Developed by StudentB