Udan iku wangun presipitasi kang awujud cuwèran. Presipitasi dhéwé bisa awujud padhet (upamané salju lan udan ès) utawa aerosol (kaya embun lan kabut). Udan dumadi nalika titik banyu kang kapisah tiba ing bumi saka méga. Ora kabèh banyu udan tiba ing salumahing bumi amarga sapérangan nguap nalika ngliwati hawa kang garing. Udan jinis iki sinebut virga.
Udan mainaké peranan wigati sajeroning siklus hidrologi. Lembaban saka sagara nguwab, owah dadi méga, kakumpul dadi méga mendhung, banjur mudhun menyang bumi, lan pungkasané bali menyang sagara ngliwati kali lan anak kali kanggo mbalèni daur ulang iku manèha.
Cacahing banyu udan diukur migunakaké pangukur udan utawa orometer. Piranti iki dinyatakaké minangka jeroné banyu kang kakumpul ing lumah dhatar, lan diukur kurang luwih 0.25mm. Ékan curah udan miturut SI iku milimeter, kang dadi cekakan saka liter per mèter pesagi.
Banyu udan kerep digambaraké awangun "lonjong", amba ing pérangan ngisor lan nyiut ing sisih ndhuwur, nanging bab iki ora bener. Banyu udan cilik amèh bunder wujudé. Banyu udan kang gedhé dadi tansaya cèpèr, kaya roti hamburger; banyu udan kang luwih gedhé awangun payung terjun. Banyu udan kang gedhé tiba luwih rikat tinimbang banyu udan kang luwih cilik.
Lumrahé udan duwé kadhar asem pH 6. Banyu udan kanthi pH sangisoré 5,6 dianggep udan asem.
Akèh wong kang nganggep yèn udan iku ambuné wangi utawa nyenengaké. Sumber ambu iki yakuwi petrichor, lenga atsiri kang diprodhuksi déning tetuwuhan, sabanjuré diserep déning batuan lan lemah, lan sabanjuré ucul mensing udara wektu udan.