Ujung Arab

Ujung Arab

Ujung Arab utawi Jazirah Arab punika semenanjung wonten ing Asia Kulon, ingkang papanipun wonten ing sisih lor-wétanipun Afrika wonten ing Lempeng Arab. Kanthi wiyaripun 3.237.500 km², Semenanjung Arab punika semenanjung ingkang paling ageng wonten ing donya.[1][2][3][4][5]

Sacara geografis, Semenanjung Arab ngemot Bahrain, Kuwait, Oman, Qatar, Saudi Arabia, Uni Emirat Arab (UAE), lan Yaman, ugi kalebet bagéyan kidul saking Irak lan Yordania.[6] Ingkang paling ageng wontenipun punika Saudi Arabia.[7] Wonten ing jaman klasik, Semenanjung Sinai ugi dipunanggep minangka bagéyan saking Arabia.[8]

Semenanjung Arab punika terbentuk minangka asil saking perpecahan Segara Merah antawis 56 lan 23 yuta taun kapungkur, lan dipunwatesi déning Segara Merah wonten ing sisih kulon lan kulon-kidul, Teluk Persia lan Teluk Oman wonten ing sisih lor-wétan, Levant lan Mesopotamia wonten ing sisih lor, lan Segara Arab lan Samudra Hindia wonten ing sisih kidul-wétan. Semenanjung punika gadhah peranan geopolitik ingkang kritis wonten ing donya Arab lan sacara global amargi cadhangan minyak lan gas alam ingkang ageng.

  1. Niz, Ellen Sturm (2006-04-10). Peninsulas (ing basa Inggris). Capstone. kc. 19. ISBN 9780736861427.
  2. McColl, R. W. (2014-05-14). Encyclopedia of World Geography (ing basa Inggris). Infobase Publishing. ISBN 9780816072293. Diarsip saka asliné ing 19 May 2021. Dibukak ing 19 May 2020.
  3. Condra, Jill (2013-04-09). Encyclopedia of National Dress: Traditional Clothing Around the World [2 Volumes] (ing basa Inggris). ABC-CLIO. ISBN 9780313376375. Diarsip saka asliné ing 19 May 2021. Dibukak ing 19 May 2020.
  4. Dodge, Christine Huda (2003-04-01). The Everything Understanding Islam Book: A Complete and Easy to Read Guide to Muslim Beliefs, Practices, Traditions, and Culture (ing basa Inggris). Simon and Schuster. ISBN 9781605505459. Diarsip saka asliné ing 31 October 2021. Dibukak ing 19 May 2020.
  5. "15 Largest Peninsulas in the World". WorldAtlas (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 17 March 2021. Dibukak ing 2017-10-21.
  6. Cohen, Saul Bernard (2003). Geopolitics of the World System. Rowman & Littlefield. kc. 337. ISBN 9780847699070. Diarsip saka asliné ing 1 October 2022. Dibukak ing 5 September 2022.
  7. Zaken, Ministerie van Buitenlandse (2017-05-14). "Kingdom of Saudi Arabia – Doing business in the Gulf region – netherlandsworldwide.nl". www.netherlandsworldwide.nl (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 11 May 2021. Dibukak ing 2021-02-19.
  8. Zaken, Ministerie van Buitenlandse (2017-05-14). "Kingdom of Saudi Arabia – Doing business in the Gulf region – netherlandsworldwide.nl". www.netherlandsworldwide.nl (ing basa Inggris). Diarsip saka asliné ing 11 May 2021. Dibukak ing 2021-02-19.

Developed by StudentB