Walisanga utawi Walisongo tinepang minangka panyebar agama Islam ing tlatah Jawi nalika abad kaping 17. Walisanga manggén wonten ing tigang wewengkon wigati pasisir lèr Pulo Jawa, inggih punika Surabaya-Gresik-Lamongan ing Jawa Wétan, Demak-Kudus-Muria ing Jawa Tengah, lan Cirebon ing Jawa Kulon. Walisanga kang mligi tegesipun wali ingkang cacahipun sanga anggotanipun inggih punika Maulana Malik Ibrahim, Sunan Ampel, Sunan Giri, Sunan Bonang, Sunan Drajat, Sunan Kalijaga, Sunan Kudus, Sunan Muria, lan Sunan Gunung Jati.[1] Para Wali kala wau boten gesang sesarengan ing sajaman, nanging antawisipun satunggal kaliyan sanèsé gadhah sesambetan paseduluran lan sesambetan antawisipun guru saha murid.[1] Sunan Gresik utawi Maulana Malik Ibrahim, bapak saking Sunan Ampel utawi Radèn Rahmat minangka ingkang paling sepuh.[2] Sunan Giri (Radèn Paku tinepang ugi kanthi asma Ainul Yaqin) kaponakan saking Sunan Maulana Malik Ibrahim, sepupuné Sunan Ampel.[2] Sunan Bonang (Radèn Makhdum Ibrahim) kaliyan Sunan Drajat (Radèn Qasim) punika putranipun Sunan Ampel.[2] Sunan Kalijaga (Radèn Said) punika kanca ugi muridipun Sunan Bonang.[2] Sunan Muria (Radèn Umar Said) putranipun Sunan Kalijaga.[2] Sunan Kudus muridipun Sunan Kalijaga.[2]Sunan Gunung Jati (Syarif Hidayatullah) punika kanca saking sadaya sunan, kajawi Sunan Maulana Malik Ibrahim amargi sampun kapundhut.[2] Jaman Walisanga inggih punika dipuntandhani kanthi jaman pungkasanipun dhominasi Hindhu-Buda wonten ing budaya Nusantara lan sasampunipun dipun-gantos ngangge kabudayan Islam. Walisanga minangka simbul panyebaran Islam wonten ing Indonésia, utamanipun wonten tlatah Jawa. Sanajan kathah tokoh sanès ingkang gadhah peran ugi, ananging peranan Walisanga ingkang ageng sanget wonten ing sajeroning ngadegaken karajan Islam ing tanah Jawa, ugi prabawané dhumateng kabudayan masarakat.