Wisnu

Bathara Wisnu
Bathara Wisnu
Asma miturut basa
Basa Sangaskreta Viṣṇu
Asma miturut aksara
Dewanagari विष्णु
aksara Bali
aksara Jawa ꦧꦛꦫ ꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ

Bathara Wisnu (Sangskreta: Bhaṭāra Viṣṇu) iku putrane Bathara Guru lan Dewi Uma sing angka 5. Wujude dewa bagus, mbranyak pasemone, kulite ireng cemani. Kahyangane ing Uttarasagara. Pusakane wujud buwêngan, bunder kaya rodhaning pedhati, mawa lelandhep wolung penyukur, jenenge Senjata Cakra Baskara.

Kajaba iku, darbe panah sakti aran Kyai Kesawa kang dislempitake ing rikmane.

Bedhor (pucuk panah) Kyai Kesawa yen nganti kesenggol nalikane Bathara Wisnu duka yayah sinipi, bisa njalari mantram triwikrama dumadi. Satemah Bathara Wisnu dadi brahala Balasrewu kang gedhene kagila-gila.

Nalika laire Bathara Wisnu, jagad aweh prabawa nggegirisi. Bumi horeg ketaman lindhu gedhe, nganti Bathara Guru tiba kegeblag.

Bareng diwasa, Bathara Wisnu nggarwa Dewi Sri Kembang, sengkerane Bathara Guru kang dititipake marang Bathara Surya. Perkara iki ndadekake muntabe Bathara Guru. Wusana Bathara Wisnu lan Dewi Sri Kembang ditundhung saka kahyangan, kadhawuhan tumurun ing bumi, mapan ing alas Purwacarita.

Senadyan Bathara Wisnu wis ora mapan ing kahyangan, nanging yen kelingan citrane Dewi Sri Kembang, Bathara Guru mesthi muntab pikire. Rasa kagole ora bisa disingkirake saka njroning ati.

Sawijining ndina, Bathara Guru dhawuh marang buta 4, yaiku Kalakresna, Kalaseta, Kalarekta, lan Kalapita supaya mateni Bathara Wisnu. Nadyan anak, nanging Bathara Wisnu dianggep klilip sing kudu diilangi.

Buta 4 nuli budhal. Satekane ing alas Purwacarita, sigra angraga sukma. Wujud cahya, manjing ing anggane Bathara Wisnu, ngrusak jagade Bathara Wisnu. Satemah Bathara Wisnu sirna margalayu.

Priksa garwane seda dadakan, Dewi Sri Kembang nangisi. Ora let suwe katungka praptane Begawan Wisnu Kapiwara (pandhita wujud kethek). Ngupadi Bathara Wisnu amarga ditangisi anake wadon kang ngimpi ngladeni Bathara Wisnu. Sang Begawan diaturi nggoleki priya pepujaning ati. Yen wis ketemu, nyuwun didhaupake.

Dewi Sri Kembang saguh nanggung pasuwitane Dewi Sri Pujayanti, sauger Wisnu Kapiwara bisa maluyakake Bathara Wisnu. Kapiwara sigra angraga sukma, nundhung buta 4 kang ngrusak jeroane Bathara Wisnu. Sang Bathara banjur diungkuli Kembang Wijayakusuma, satemah waluya temahing jati.


Developed by StudentB